AWIT gurit kang ndak rakit...
Aku crita
Sajroning ati iki kang ngudarasa
Abot enthenge sanalika gayuh ilmu
Saben dina....
Sumsuming jiwa iki
Tansah kelingan sinau lan sinau
Kepriye yen besok aku ora kasil
Ati iki kebak pangarep-arep
Pepenginan kang saiki amung bisa ndak awang
Ning sajroning jiwa iki aku ngrasa
Abote nggolek ilmu
Kaya ilining banyu
Neng ati uga kapacak cetha
Kaukir niat kang abadi nyata
Sukma uga ngucap janji
Babagan dadi murid sing prasaja
Welingku marang sapadha kanca
Ayo padha sergep sinau
Aja nganti kuciwa ing tembe buri
Muspra ngayawara rasa cuwa
Amung bakal ndedawa lara *