Stasiun Ngrombo

Atusan sepur mampir ing panggonmu
Atusan wong kang manggon ing panggonmu
Awakmu busik ala
Rame ananging batine lara
Pisah karo sanak sedulur
Ora ana sing peduli awakmu
Dikanggokake ngeyub ananging ora dirawat
Tembokmu dijamah dening tangan-tangan ala
Corat-coret nganti ora karuwan wewujudanmu
Perabotmu wis ora layak dipanggoni
Suwene tahun kang ngubah kuwi kabeh
Neng Ngrombo
Neng Purwodadi
Kowe dadi sejarah urip
- See more at: http://www.tutorial89.com/2014/06/cara-membuat-widget-random-post.html#sthash.CxfN1ySZ.dpuf