TAHAJUD
NALIKA rembulan isih nampakake karismane
Kartika gemebyar pamer keindahane
Sliramu tangi ing tengahing wengi
Wektu wong liya isih padha merem
Mripat-mripat durung gelem menga
Nanging .............
Sliramu wis lumaku
Nembus adheme hawa ing wayah rina
Njupuk warih kanggo wudhu
Banjur sholat, sing karanan
Salat Tajahut
Sliramu khusyuk sajroning sepi
Ngarep-arep anugrah lan rahmat-MU
Nyuwun kesehatan, rizki, lan
Agunging pangapura
Ora lali..... sing paling utama
Pangarepan supaya oleh
Kabagyan donya lang akhirat
